Minggu, 21 April 2013

pidato bahasa jawa bab narkoba


BEBAYANIPUN NARKOBA TUMRAP PARA MUDHA

Nuwun,
Agunging pakurmatan konjuk dhumateng para rawuh, kakung sumawana putri, mirungganipun dhumateng para kadang mudha ingkang tansah manggih karaharjan. Pasegahan panakrami mligi katur dhumateng … ingkang minulya. Nyuwun agunging pangaksama wondene kula sampun kumawantun madeg matur wonten ing ngarsa panjenengan sadaya, nun inggih awit saking adrenging manah anggen kula badhe ndherek urun rembag menggah babagan narkoba. 
Para lenggah ingkang kinurmatan, Ing kalodhangan wekdal menika kula badhe ngaturaken andharan ingkang magepokan kaliyan prekawis narkoba kanthi sesirah: “Bebayanipun Narkoba Tumrap Para Mudha”.
Para lenggah ingkang sinuba ing akrami,
Minangka purwakaning andharan sumangga kula lan panjenengan sadaya ngaturaken puja-puji panuwun dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang datan kendhat tansah paring lumintuning kanugrahan tumanduk dhumateng kula lan panjenengan sadaya. Sahingga kanthi kanugrahan gadhuhaning Gusti mekaten kalawau kula lan panjenengan sadaya kuwawi kempal manunggal, nyawiji kanthi kebak ing karaharjan miwah kabagaswarasan, kalis ing rubeda nir ing sambekala.
Para lenggah lan dewan juri ingkang satuhu bagya mulya,
Sampun kasub bilih Semarang menika katelah kitha pendhidhikan, ingkang tegesipun minangka papan ngangsu kawruh menggahing samukawisipun ngelmi tumrap para siswa ingkang mijil saking laladan Semarang menapa dene kitha sanes ing wewengkon nuswantara, kepara malah wonten ingkang saking negri manca. Semarang ugi mujudaken kitha budaya, awit Semarang minangka salah satunggaling punjer kabudayan adiluhung Jawi. Kabukti dumugi  samenika para wargi Semarang taksih nguri-uri adat budaya Jawi murih mekar saha ngrembakanipun. Manut owah gingsiring jaman, ing samangke Semarang ugi kasebat minangka kitha narkoba, menawi dados papan dedagang dol tinuku lan papanipun para pecandu narkoba. KMenawi rumiyin wonten mitos bilih ingkang migunakaken narkoba menika ssaking kulawarga ingkang broken home, samenika sampun benten. Kacihna kawontenan samenika kathah para mudha saking golonganipun happy family saha saking golonganipun well educated ingkang migunakaken narkoba. Kenging menapa babagan narkoba menika saged ngrembaka?
Inggih amargi, para mudha samenika menawi sampun rena dhateng samubarang ingkang nuwuhaken raos sekeca lajeng awrat menawi nilaraken. Kawiwitan saking pepenginan kagem nyobi, kasambet saking kanca ingkang asring migunakaken satemah ndadosaken para mudha langkung celak kaliyan narkoba. Prelu dipunmangertosi dening sinten kemawon mliginipun dhateng para mudha minangka agul-aguling bangsa, bilih kanthi migunakaken narkoba menika ateges nyelaki dhateng kasangsaran saha kacilakan, kadosta sumbering sesakit fisik saha mental, satemah nuwuhaken bebaya pati.
Para rawuh ingkang tansah winantu suka basuki,
Lajeng kadospundi pambudidayanipun para mudha brastha bebaya narkoba minangka punjering kasangsaran saha kacilakan? Kaping pisan inggih menika niyat ingkang saestu temen badhe nebihaken saking narkoba kanthi migunakaken wekdal saha kasagedan kangge nindakaken bab-bab ingkang positif tuladhanipun mlebet ing klub-klub olah raga, seni, saha nengenaken prestasi. Ingkang baku kedah ngatos-atos ing pasrawungan. Ingkang kaping kalih, kanthi sengkut gumregut tembayatan kaliyan masyarakat, aparat, saha badan-badan LSM ing antawisipun GRANAT, GERHANA, JAM lan sapanunggilipun, brastha bebaya ngrembakaning saha mekaripun narkoba ingkang saestu saged ngrisak moral saha pranatan negari. Boten saged dipungambaraken menawi sadaya para mudha samenika kenging pangaribawaning narkoba. Sinten samangke ingkang badhe nglajengaken lampahing pamarintahan ing negari Indonesia?
Ingkang pungkasan inggih menika kanthi jejeging iman, eling lan waspada adhedhasar agama, sumangga sami gumregah nebihaken saha brastha narkoba ing pangajab para mudha saha negari Indonesia mliginipun Semarang saged uwal saking bebenduning angkara.
Nuwun, maturnuwun. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar